Selasa, 21 September 2010

TULISANE AREK AREK - PART 2

WONOKAIRUN STORY
WONOKAIRUN


Wonokairun Kerah Mbek Bu Nali

Humor   Cerpen ini terbatas untuk anggota Group CahAndong
Sapi apa yang bisa nempel di dinding, Run?" begitu Bu Nali berteka-teki di sebuah pagi kepada tetangganya Wonokairun. Yang ditanya bengong, tanda kurang paham.
sapi-sapi di dinding, buuuuuuuuk, " jawab Kenyung, teman Wonokairun, mantap bin pede.
Woooo ... gemblung. Bukan sampean yang ditanya kok melu njawab," cetus Bu Nali dengan kesal. Bibirnya manyun tanda hatinya kesal. Wonokairun terkekeh.
Sambil menghabiskan kekehannya, Wonokairun berusaha memutar otaknya yang sudah lama tak berpelumas.
Gitu saja kok nanya to Bu. Itu Sapiderman Bu. Jawab Wonokairun santai bersahaja.
Bu Nali gelagapan. Sejak kapan si Run ponakannya sepintar itu. "Salah Run! Coba tebak lagi!" jawab bu Nali sambil mikir-mikir jawaban cadangan yang bagus.
"Pasti Run banyak bergaul dengan Hermioning yang pintar itu!" pikir Bu Nali.
"ah si ibuk ini ngelesnya basi banget seh, Saya tau kok klo jawaban saya bener. Main tebakannya jangan curang gitu donks buk, mending kasih tebakan lagi aja", kairun tak mau kalah.
Boleh aja ngasih tebakan lagi, tapi Kenyung ndak boleh ikut njawab. Kalau ikut-ikut nanti saya gampar," jawab Bu Nali tak kalah galak.
Kenyung melotot, dia tak sudi digampar wanita. Dia lebih suka digampar waria.
Tapi, mana berani dia berhadapan dengan Bu Nali. Selain kalah besar, Bu Nali itu mantan pegulat. Dia pernah meraih medali emas PON dalam cabang gulat bebas.
Oke, tebak ya? Tapi Kenyung ndak boleh ikut. Di tengah-tengah pasar ada apanya?".
da keramaian".
"Ada preman!" jawab Yu Tumin yang ikutan nimbrung.
Bu Nali tertawa mendengarnya.
"Ada Es nya," ujar Kairun. Maksudnya es lilin favoritnya itu.
Bu Nali gelagapan lagi.
Keringat dingin mengalir dari dahinya.
Mulutnya pun seakan terkunci. tak dapat berkata-kata.
Dia mikir tebakan apa lagi yang sudah ditebak.
"Tambah pinter kamu run. Tapi kmu blom pinter klo blum jawab tebakan yang ini, Mengapa Ayam jantan tidak punya tangan?", bu nali sangat pede dengan pertanyaan nya kali ini.
"Wah angel iki," komentar Yu Tumin.
"Jelas Angel donks .. Belum pernah ada sejarah nya tebakanku ini berhasil kejawab", Bu nali semakin bangga.
"Aku pass wae Yu!" ujar Yu Tumin terkekeh.
"Kowe piye run, Nyerah ra", bu nali mesam mesem ke arah kairun.
Kairun cuek. Ngapain mikir tebakan, begitu batin Kairun.
Menurut Kairun, mungkin lebih asik kalo dia mencuci kucingnya.
Kairun pun lalu mencari kucing betinanya yang diberi nama Swiwi.


TAMUNE WONOKAIRUN

Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang omahe Wonokairun.
"Kulo nuwun. " jare cewek iku ambek nyepot sandal.
"Oo monggo, monggo pinarak. "jare Wonokairun.
"Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?" takok ceweke.
"Waduh bojoku gak ndhik omah ndhuk " jare Wonokairun.
"Yen ngoten, kulo ngerantos mawon " jare ceweke maneh.
"Lho monggo. anggepen koyok omahe dhewe yo ndhuk " jare Wonokairun ambek ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu.
Mari ngono tamune ditinggal andhokan / ngetren dhoro.

Kiro-kiro oleh rong jam Wonokairun mulih, tibake cewek iku sik lungguh nang ruang tamu. Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudhu ngamuk ae.

"Ibu teng pundhi to Pak ?" takok cewek SPG iku.
"Bojoku lungo nang kuburan ndhuk" jare Wonokairun.
"Jam pinten mangke kundure ?" takok cewek iku maneh.
"Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun durung tau mulih "

WONOKAIRUN

LUDRUK
 
Wonokairun lagi susah atine, mergo dipecat seko ludruk panggone golek
> mangan.
> Alasane Wonokairun iku wis tuwek, lek manggung bolak-balik lali lakone.
> 
> Mari muteri grup ludruk sak Suroboyo, akhire onok grup ludruk Cap Simbah
> Ndhodhok pimpinan cak Bunali sing gelem nompo Wonokairun.
> Cumak ambek Bunali, Wonokairun diancam lek sampek lali maneh langsung
> dipecat.
> 
> Ambek Bunali, Wonokairun dike'i lakon dhadhi prejurit sing naksir selire
> Sakerah sing jenenge Romlah.
> Wonokairun dikongkon latihan mbayangno Romlah ambek nyekel kembang mawar.
> 
> "Ngene lho carane.  Mawar iki cekelen nganggo driji jempol ambek telunjuk,
> terus ambungen ambek merem.
> Mari ngono ngomongo ngene, ooh cik wangine maware Romlah iki . ." jare
> Bunali ngajari Wonokairun.
> 
> Ambek Wonokairun latihane dibolan-baleni kiro-kiro sak wulan sampek
> ngelontok.
> Sembarang kembang yo wis tau digawe latihan.  Bunali puas pisan ambek
> latihane Wonokairun.
> Pas katene pentas, Bunali wanti-wanti maneh ojok sampek lali ambek lakone
> lek gak gelem dipecat.
> 
> Lha pas wayahe tampil, tibake sing nontok wuakeh pol, Wonokairun malih
> grogi tapi atine diayem-ayemno.
> Mari gamelane muni, tak tung tak tung  . . .gong !. Wonokairun metu nang
> panggung.
> 
> "Ooooh cik wangine Romlah iki . . .", begitu sadar lek kata-katane onok
> sing kurang, Wonokairun langsung pucet.
> 
> Gak sui moro-moro penontone ruame bengok-bengok, "Huuu .!!",  "Saru !!",
> "Nggilani !!", "Kempro !!" ambek nyawatno sandal nang raine Wonokairun.
> 
> Wonokairun langsung mlayu ndhelik nang walike panggung.  Tibake Bunali wis
> mengkerik ngamuk-ngamuk, "Kon iku pancene ngisin-ngisini. Kon tak pecat
> !".
> Wonokairun njaluk sepuro, "Aku lak mek salah sak kata thok ae, mosok ngono
> ae dipecat".
> 
> "Kon tak pecat dhudhuk perkoro lali kata-katane thok !!" jare Bunali
> maneh.
> 
> "Lho opoko ?" Wonokairun heran.
> 
> "Kon lali gak nggowo kembange . ."
> 


WONOKAIRUN BERI SAMBUTAN

Pak RT sedang sakit. Karena dianggap sebagai sesepuh, maka Wonokairun ditunjuk untuk mewakili memberikan sambutan pada suatu acara di kampungnya.

Sambil menggerundel, ia naik panggung. Dan inilah yang dikatakannya :

"Bapak2 Ibu2 sekalian, hari ini saya tidak akan berpidato panjang lebar.
Karena kalau terlalu panjang kasihan ibu2. Sedangkan kalo terlalu lebar yang kasihan adalah bapak2."

Habis bicara begitu, Wonokairun langsung nyelonong turun panggung. Sementara warga terbengong-bengong


Sepuluh Ewu

28 November, 2009 | @ Suroboyoan
Wonokariun ngejak gendakane, jenenge Mbok Cempluk, perikso nang dokter Bunali.
“Opoko sampeyan iku mbah, wong awake ketok tahes kok athik perikso.” takok
dokter Bunali.
“Ngene lho dok, umurku iki wis 80 lha bojoku iki wis kewut pisan umure 75.
Aku pingin takok opo sik oleh tah aku ambek bojoku iki main koyok manten
anyar ?” takok Wonokairun ambek isin-isin.
“Lho lek sampeyan gak onok penyakit yo aman-aman ae. ” jare doktere.
“Wah tepak lek ngono, cumak cik tambah mantep, tulung aku ambek bojoku
diperikso. Lha terus mumpung ndhik kene, aku tak main ambek bojoku nang
kamar praktek sampeyan. Tulung dipantau mbok menowo onok opo-opo.” Jare
Wonokairun.
Batine Bunali, sak umur-umur lagek iki ono pasien njaluk sing aneh koyok
ngene. Tapi wong jenenge dokter akhire panjaluke Wonokairun dituruti, mari
jantunge diperikso, wong loro iku main tutupan layar. Lha Bunali ngenteni
jogo-jogo lek misale wong loro iku gak kuat terus jantungen.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
“Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. “Wis mbah, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir.”
“Suwun dok. Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
“Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat.” Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.
Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau
pas main.
Bunali yo nuruti ae wong pancen tugase sebagai dokter.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
“Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. “Lak wis tak kandani, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir.”
“Suwun dok. Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
“Sepuluh ewu ae, wong sampeyan iku asline sehat.” Jare Bunali.
Mari ngono arek loro iku pamitan mulih.
Seminggu maneh, wong loro iku teko maneh nang dokter Bunali. Persis koyok
seminggu kepungkur, njaluk diperikso jantunge, mari ngono njaluk dipantau pas main.
Bunali wis mulai ngersulo, tapi yo sik dituruti.
Mari oleh rong ronde, Wonokairun ambek Mbok Cempluk metu ngguya-ngguyu.
“Yok opo dok, aman ae tah?” takok Wonokairun.
Ambek Bunali jantunge wong loro iku diperikso maneh, tibake pancene sik
kuat. “Koyok minggu wingi, sampeyan sehat wal afiat. Ojok khawatir.”
“Suwun dok. Piro ongkose ?” takok Wonokairun.
“Sik tah mbah, aku katene takok. Sampeyan lak wis tak kandani lek sampeyan iku sehat, laopo bolak-balik teko rene ngongkon aku mentelengi sampeyan main. Masio elek, aku iki dokter rek !!, dhudhuk wasit smack down.” Bunali mulai purik.
“Ngene lho dok, aku iki wis muteri sak Suroboyo, Mbenjeng, Balungbendo, Ndhiwek sampek Peterongan. Gak onok sewa kamar sing ngisore sepuluh ewu .”


MO LI MO PART 2

Mari nilep dhuwik makelaran , akhire Bunali pindah omah nang luar
kota golek ketenangan. Dhuwike ditukokno omah ndhik walike gunung
kemukus. Ndesone pancen suepi gak onok wong blas.
Paling banter Bunali metu tuku kebutuhan sakwulan pisan, sisane yo
wis ndhik omah dhewekan gak onok sing ngeriwuki. Pokoke uripe tenang
dan damai gak onok sing ngganggu maneh. Sui-sui sakjane Bunali yo kroso
kesepian.
Kiro-kiro wis rong sasi, pas enak-enak nyruput kopi sore-sore moro-moro
onok wong sing dhodhok omahe Bunali.
”Kulo nuwun, kenalno jenengkuWonokairun, omahku kiro-kiro rong kilo
seko kene. Aku katene ngundang sampeyan mangan-mangan ndhik omahku
jam pitu bengi. ”. jare tamune Bunali.
”Wah ketepakan, aku wis sui gak gumbul wong maneh. Yo wis aku tak
mrono. ” jare Bunali sueneng. Mari ngono Wonokairun pamit.
Pas katene metu lawang, Wonokairun mbalik maneh, ”Aku meh lali,
engkok onok ngombe-ngombe bir pisan.”
”Wah gak masalah, aku wis biasa ngombe” jare Bunali.
Jik tas mlaku, Wonokairun mbalik maneh, ”Aku meh lali maneh, engkok
onok sabu-sabu pisan, tapi ojok rame-rame lho yo”.
”Lho ketepakan iku, aku wis sui gak nyabu maneh,” jare Bunali maneh.
Wis tekan pekarangan, dhadhak Wonokairun mbalik maneh, ”Sampeyan
seneng gendhakan pisan tah gak ?”
”Opo maneh gendhakan, aku wis rong wulan nganggur, yo mesti ae arep
rek. ” Bunali tambah giras mbayangno.
”Yo wis tak enteni ” jare Wonokairun.
”Lho Mbah, aku kudhu nganggo klambi opo, batikan tah sarungan thok
? ” takok Bunali.
”Sak karepmu !. Wong mek onok awakmu karo aku. . .”

 TUKU TISSU

Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe.
Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.
"Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu
mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing.
Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. " jare
Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing
dipamerno ndhik Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe
kucinge.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit
balung
pakane asu.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu
iki sampeyan emplok dhewe." jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik
Bunali.
"Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus
bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.
"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali.
"Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin
ngerasakno.
Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun.
Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire
Bunali kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus.
Tibake njerone onok gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune
malih gak whuenak.
Bunali misuh-misuh gak karuan, "Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo
aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek."
"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ?".



Reply With Quote

Tidak ada komentar:

Posting Komentar